Jumat, 18 Maret 2016

Skenario Sandiwara Damarwulan

SKENARIO BAHASA JAWA
DAMAR WULAN



Ing sawijining Kerajaan Majapahit, wonten Ratu ingkang asring dipun sebat Ratu Ayu Kencana Wungu. Piyambakipun inggih menika pandheganipun Majapahit ingkang kaping enem. Amargi saking ayunipun, kathah tiyang ingkang rebatan supados dados garwanipun Ratu Ayu Kencana Wungu. Ugi kalebet Minakjingga..

(Rikala Ratu Ayu Kencana Wungu taksih linggih wonten singgasana ingkang gumedhe wonten kerajaan, ujug-ujug Minakjingga rawuh wonten kerajaan)

Minakjingga: “Hei Ratu, kawula menika Minakjingga. Kawula menika Adipati Blambangan. Kawula ugi raja ingkang anduweni gelar Prabu Urubisma.”

Ratu : “ Inggih, wonten punapa panjenengan tebih-tebih dateng mriki?”

Minakjingga: “ Karawuhan kawula wonten ing mriki supados nglamar panjenenganipun Ratu Ayu Kencana Wungu. Amarga panjenengan ayu sanget.” (kaliyan ngaturi kalpika saha jengkeng dateng Ratu Ayu)

Ratu : (Kagyat saha jumeneng) Apa karepmu? Apa kowe lagi guyon karo aku? Ora! Aku ora bakal nrimo kowe tekan kapan wae!”

Minakjingga: (Jumeneng lan murka) “Hei Ratu! Wani banget koe ngrolak lamaranku! Panjenengan bakal sial!”

Ratu : (Guwang kalpika saka Minakjinggo) “Lunga kowe saka kene saiki! Lunga!”

(Minakjingga medal saking kerajaan kaliyan rupa murka ningali Ratu Ayu Kencana Wungu)

Ratu : (Bingung, awrat sanget) “Kepiye kok bisa dewekke pengin anggarwa aku? Apa dekke ra ndelok rupane sing elek lan awake sing lemu kuwi? Secepete aku kudu ngumumake marang sopo wae ingkan bisa mejahi Minakjingga bakal dak dadikke garwa.”

Pinten-pinten dinten sasampunipun pengumuman..

(Nalika Ratu linggih wonten singgasana wonten kerajaan, Damarwulan rawuh wonten kerajaan)

Damarwulan: “Ratu, nami kula Damarwulan. Kawula siap mejahi Minakjingga.”
Ratu: (Remen sanget) “Hei Damarwulan! Kowe siap-siap nuju Blambangan.”

Damarwulan: “Sendhika dhawuh Ratu Ayu Kenca Wungu.” (kaliyan nunduk lan budhal)

Wonten Blambangan..

Damarwulan: “Hei Minakjingga!”

Minakjingga: “Hei! Sopo kowe! Wanine kowe teka ing kene!”

Damarwulan: “Aku dipunutus Ratu Ayu Kencana Wungu supados mejahi kowe, hei Minakjingga!”

Minakjingga : “ Hahahahaha! Kowe lucu banget. Aku ora wedi karo koe!”

(Minakjingga lan Damarwulan padha gelut. Minakjingga migunakake Gada Wesi Kuninge. Dene Damarwulan migunakake kerise, namung, pungkasanipun Damarwulan kalah. Pagelutan kasebat dipunsaksikaken kaliyan Dewi Wahita lan Dewi Puyengan.)

Minakjingga: “Hahaha! Dekne gampang banget dikalahake. (tindak kaliyan guyu seru)

Dewi Wahita: “Ayo dewe nulungi Damarwulan! Dekne gagah banget lhoo.”

Dewi Puyengan: “Ayo! Aku yo seneng karo dekne. Namung dewe aja nganti kaweruhan Minakjingga. Nek ora dewe pasti bakal entek dipanganne.” 

Dewi Wahita : ”Koe bener! Ayo!” (Dewi Wahita lan Dewi Puyengan nyusadani Damarwulan)

Dewi Puyengan: “Panjenengan mboten punapa-punapa?”

Damarwulan: “Inggih, kawula sae. “ (Kaliyan ngraosaken sakit)

Dewi Wahita : “ Punapa panjenengan badhe ngertosi kekiranganipun Minakjingga?”

Dewi Puyengan : “Inggih, Piyambake kagungan satunggal kekirangan. Piyambake nduweni kekuatan ageng saking pusaka kuwi.”

Damarwulan : (Bingung dan nengak-nengok) “Pusaka punapa iku?”

Dewi Wahita : “Gada Wesi Kuning.”

Dewi Puyengan : “Inggih, pundhut kemawon pusaka kasebat wonten bilike menawi piyambake tilem. Raseksa kasebat remenipun namung tilem lan tilem.”
Damarwulan : “Inggih Dewi Wahita dan Dewi Puyengan. Panjenengan sae-sae sanget. Ugi ayu sanget.”


(Dewi Wahita dan Dewi Puyengan isin. Damarwulan mlampah nuju Minakjingga ingkang lagi tilem lan njupuk Gada Wesi Kuning.)

Damarwulan: “Hei! Tangi kowe lemu!”

Minakjingga: “Kepiye pusaka kuwi iso tekan tanganmu?”

Damarwulan: “Kepye ora iso?”

(Minakjinggo lan Damarwulan gelut lan pungkasaning Minakjingga kalah. Damarwulan nyeret Minakjingga wonten Majapahit. Namung, ujug-ujug Layang Seta teka ngadang)

Layang Seta : “Koe! Wehke dekne nang aku!” (nunjuk Minakjingga)

Damarwulan : “Ora! Aku ora bakal ngewehke Minakjingga nang kowe. Iki usahaku dewe!” (kaliyan nafas pedot-pedot amarga kesel)

Layang Seta: “ Wanine kowee!” (Kaliyan gelut nganti Damarwulan pingsan. Layang Seta mbeta Minakjingga wonten sang ratu.)

Layang Seta: “Hei Ratu! Hamba sampun mejahi Minakjingga. Nami kula Layang Seta.”
Ratu : “Kepiye iso kowe? Duduk Damarwulan?”

Layang Seta: “Ora!.. “ (omongane dipedhot Damarwulan ingkang mlayu kaliyan nafas pedhot-pedhot)

Damarwulan: “Ratu! Ampun rungokke dekne! Dekne dusta! Dekne ngrebut Minakjingga sing wis mati teka aku!.”

Layang Seta : “Ora! Ampun rungokke dekne!”

Ratu : ” Uwis-uwis! Aku ora ngerti kowe kabeh! Supados ambuktikaken sinten ingkang mejahi Minakjingga, kowe kabeh kedah tarung. Ingkang menang berarti dekne sing bener!”

(Layang Seta dan Damarwulan gelut. Damarwulan ingkang menang. Layang Seta mati.)
Ratu : (Tersenyum) “ Maturnuwun Damarwulan. Kowe pancen pahlawane kita kabeh.”
Damarwulan : “Sami- sami Ratu Ayu Kencana Wungu. Kula badhe nagih janjimu.” (ngaturaken kalpika wonten jarine Ratu Ayu Kencana Wungu)

Ratu : “ Mangga Paduka Raja”

-SELESAI-

Bisa liat contoh sandiwara di youtube:
https://youtu.be/QmCfyW-5uFk









Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Skenario Sandiwara Damarwulan

SKENARIO BAHASA JAWA DAMAR WULAN Ing sawijining Kerajaan Majapahit, wonten Ratu ingkang asring dipun sebat Ratu Ayu Kencana Wungu...